Minggu, 15 Oktober 2017

Persiapan kemah

Edit Posted by with No comments
Assalamu'alaikum kanca-kanca
Ketemu maning karo aku nang blog kiye, aku pan vrita tentang persiapane aku pan melu kemah nang sekolah.

Dadi kaya kie, sekolahku wulan iki, pan ngadakna perkemahan nganggo kelas 7,8,9. Asline kelas 9 ora diwajibna melu, soale esih nganggo KTSP, tapi dari pada kon milih mangkat sekolah pelajaran biasa apa melu kemah, ya mending milih kemah yaaa, iya ora? Hehehe.
Perkemahane diadakna minggu kiye Rabu, 18 Oktober 2017, tempate neng Batalyon Zona Tempur (yonzipur) ing slawi. Menurut pengalaman 2 tahun kiye sih yaa awit aku kelas 7,8 kemah nang yonzipur ana enakke ana orane, enakke yaiku barang2 dewek InsyaAllah aman, soale kue tempate para tentara, lan neng kana dewek diajari disiplin. tapi ora enake neng kana, jarak antara musholla karo tempat sing nggo kemah lumayan adoh, karo nang kana wc ne ora kerawat utawa kotor. Tapi ana sing spesial nang kemah taun kiye, yaiku aku ora melu regu, ananging aku melu grup PMR , aku seneng banget soale ora kabeh bocah sing melu PMR bisa melu grup PMR kuwe.

Oh ya, persiapane aku pan kemah yaiku jaga kesehatan, lan mulai tata2 barang apa bae sing pab digawa nang perkemahan mengko. Pengen ngerti? Yuh, simak luwih lanjut.
 Kalau menurut aku sing wajib digawa yaiku:
- peralatan mandi
- peralatan mangan (amarga amangane nang kana prasmanan, dadine wajib nggawa perlatan mangan)
- mangan awan (buat hari pertama)
- obat sing nggo pribadi
- sepatu hitam (2)
- kaus kaki (3)
- sandal jepit (1)
- baju pramuka (2)

Oh ya kanca2, aku pesen adang kanca2 kemah, terus hawane panas nemen, aja kakehan mangan es, soale bisa ndadekna radang, hehehe
Sekirane cukup bab sing dibahas nang bab kie.