Minggu, 11 Maret 2018

Imlek nang tegal

Edit Posted by with No comments
Hallo kanca kanca. Ketemu maning karo enyong nang blog kie. Nang kesempatan kie, aku pan berbagi ilmu tentang perayaan imlek nang daerahe aku, di waca yaaaaaa.


Imlek, imlek kue sebuah perayaane wong china. Perayaan imlek kue di mulai dina pertama, lan wulan pertama nang tanggalan tionghoa lan akhirane ana cap go meh. Tahun kiye perayaan imlek ana pas jumat, 16 februari 2018. Pengen ngileng keseruane kan? Nang tegal ana wisata kuliner imlek sing diadakake ana ing beberapa tempat. Check it do

Biasane imlek kue identik karo sing namane barongse ya kanca kanca. Barongse kaya apa sih? Yuh deleng


Jumat, 23 Februari 2018

Wattpadku

Edit Posted by with No comments
Hallu man teman. Baca wattpad aku yaaaaaa. Judulnya My perfect classmate. Kalian bisa temukan di akun aku yang namanya @ifaifa488

Kamis, 11 Januari 2018

Liburan semester 2

Edit Posted by with 2 comments
Liburan semester 2

Hallo kanca kanca, ketemu maning karo ifaaaaaa. Saiki aku lan crita tentang liburane aku semester 1 wingi. Diwaca yaaaaa.

Hasil semester wingi memang durung muasna, soale esih ana sing tercapai, tapi aku beruntung nemen bisa manjing 10 besar, soale aku due firasat aku bakal rengking terahir, eh jebule aku manjing 10 besar. Yen nilai kanca kanca pime? Apik kah? Apa durung apik? Yen durung apik, yo bareng-bareng sinau maning. Hehehehe

Liburan semester 2 wis teka, mungkin bagi akeh siswa kuelah momen sing ditunggu-tunggu, termasuk enyong. Hehehe. Bisane aku ngomong kaya kie? Ya, soale aku juga pengen nyegarna otak ben bisa rileks, soale selama 6 wulan wis mikir, mbokan otake kesel. Hehehe

Seminggu pertama liburan, aku ora maring ndi-ndi, paling ya maring mall, nonton bioskop, maring rumah hantu, ngrewangi ibu lan selia-liane. Oh ya, aku pan cerita setitik pengalaman sing neng rumah hantu. Dadi, pas kue aku ngajak kancane maring rumah hantu, barang kayakuene wis tuku tiket, wis pan manjing, kancane aku ora gelem melu, jarene wedi:v tapi, tak paksa-paksa akhire gelem.
Barang wis manjing rumah hantune, kancane aku ora wani buka mata, kur bisa njerit-njerit tok. Yen aku? Wis mlakune paling mburi, tapi yaaa aku ora begitu wedi, soale ana mas-mas sing njagani.

Lah pas dina minggu, 31 Desember 2017. Bertepatan malam minggune tahun baru, aku lan seleluarga liburan marig batang, awite rencanane sih pan maring small world, namun dibatalna, soale dalane sesek. Aku sing umah jam 8 numpak mobil, anjog kana jam set 12. Tujuanne pertamane aku maring batang pan maring "Batang Dolphin Center". Awite akunlan sekekuarga kudu manjing maring pantai disit soale emang sejalan karo pantai, lah pas kue cukup bayar tiket Rp 5.000 dewek wis bisa manjing, akhire mobile parkir lan aku sekeluarga mlaku marang kebun binatang, lah nang kono juga mbayar maning Rp 35.000 per wong. Nang kana aku ngileng macem-macem kewan. Mulai sekang reptil, ikan, lumba lumba, penyu, monyet, burung sing apik, lan akeh liyane. Lah sing dadi ketertarikane aku, yaiku penampilan lumba lumba lan kewan pinter liyane.

Sawise, maring kebun binatang, aku metu sekang kono, lan njagong nang pesisir pantai karo mangan, aku nyoba merasakna betapa agunge ciptaan Allah. Sawise mangan, aku sholat dhuhur, aku nang kono kira kira nganti jam 2.

Jam 2, aku karo keluarga lanjutna marang kolam renang gajah mada sing ana nang batang. Aku nang kana renang karo adik adiku, jam 3 aku balik menuju umah.

Minggu, 03 Desember 2017

Edit Posted by with No comments
Wiwit tanggal 18-21 oktober SMPN 2 TEGAL ngadakake kagyatan perkemahan ing batalyon zona tempur utawa sing biasa dikenal yonzipur.

Tanggal 18 oktober, bocah-bocah pada mangkat marang yonzipur nganggo truk sing wis disewa daning sekolah, kira-kira ana 18 truk. Saanjoge nengkana, bocah-bocah dikongkon mbangun tenda, adang sing kelas 7 dibantu kaka im, angger sing kelas 8 mbangun dewek, dene kelas 9 memang tendane wis dibangun saka kanane.




Dina pertama cukup kesel, aku selaku bocah pmr ngakui kue, dina pertama akeh bocah kelas 7 pada mriang, pada pingsan, akibate aku ora bisa seneng-seneng kaya kanca liyane amarga aku kudu nolongi bocah-bocah mau.

Dina ke loro luwih parah, bocah-bocah pas nang
 yel-yel akeh sing mriang, ndean tah karna esuke wis pada wide game, ana sekitar 30 bocah, lah kuwe pegugas pmr kur 2 tok, asline akeh, tapi pada melu maring musium. Aku lan nawang kelabakan nolongi bocah-bocah kuwe, tapi untunge akeh bocah im sing gelem ngrewangi. Pas bengine api unggun ya kaya kuwe, akeh bocah sing pada masuk angin.

Dina ke telu waktune balik, seneng tapi pengin nangis juga sih yaaa, akeh pengalaman sing aku olih nang kene, diantarane bahwa nolong sesama kue luih bermakna ketimbang dewek foya-foya, lan kedisiplinan kue penting.

Minggu, 15 Oktober 2017

Persiapan kemah

Edit Posted by with No comments
Assalamu'alaikum kanca-kanca
Ketemu maning karo aku nang blog kiye, aku pan vrita tentang persiapane aku pan melu kemah nang sekolah.

Dadi kaya kie, sekolahku wulan iki, pan ngadakna perkemahan nganggo kelas 7,8,9. Asline kelas 9 ora diwajibna melu, soale esih nganggo KTSP, tapi dari pada kon milih mangkat sekolah pelajaran biasa apa melu kemah, ya mending milih kemah yaaa, iya ora? Hehehe.
Perkemahane diadakna minggu kiye Rabu, 18 Oktober 2017, tempate neng Batalyon Zona Tempur (yonzipur) ing slawi. Menurut pengalaman 2 tahun kiye sih yaa awit aku kelas 7,8 kemah nang yonzipur ana enakke ana orane, enakke yaiku barang2 dewek InsyaAllah aman, soale kue tempate para tentara, lan neng kana dewek diajari disiplin. tapi ora enake neng kana, jarak antara musholla karo tempat sing nggo kemah lumayan adoh, karo nang kana wc ne ora kerawat utawa kotor. Tapi ana sing spesial nang kemah taun kiye, yaiku aku ora melu regu, ananging aku melu grup PMR , aku seneng banget soale ora kabeh bocah sing melu PMR bisa melu grup PMR kuwe.

Oh ya, persiapane aku pan kemah yaiku jaga kesehatan, lan mulai tata2 barang apa bae sing pab digawa nang perkemahan mengko. Pengen ngerti? Yuh, simak luwih lanjut.
 Kalau menurut aku sing wajib digawa yaiku:
- peralatan mandi
- peralatan mangan (amarga amangane nang kana prasmanan, dadine wajib nggawa perlatan mangan)
- mangan awan (buat hari pertama)
- obat sing nggo pribadi
- sepatu hitam (2)
- kaus kaki (3)
- sandal jepit (1)
- baju pramuka (2)

Oh ya kanca2, aku pesen adang kanca2 kemah, terus hawane panas nemen, aja kakehan mangan es, soale bisa ndadekna radang, hehehe
Sekirane cukup bab sing dibahas nang bab kie.

Jumat, 22 September 2017

Tips tips sukses UTS

Edit Posted by with No comments
Halo kanca kanca, kepriben keh persiapan uts'e. Aku ngarep semoga saiki wis oada due persiapan materi sing mateng. Biasane sih, neng dina dina pan ujian, kanca kanca lagi ngebut sinau sebab ngrasa durung siap. Ana sing sinau mati matian sampe subuhlah, ana sing kallen mangan, klalen istirahat, klalen jaga kesehatan. Eh ngerti ngrti pas dina-H mriang, loyo kurang turu.
Lah, aku nduwe tips lan trik keh nganggo sukses uts,

A. Siapna strategi njawab soal
Strategi sing aku maksud dudu tips nggo nyontek utawa cara curang kiyane yaaa.. tapi point ne yaiku kepriben carane lo manfaatna waktu sing disediakna nganggo ngerjakna soal.

B. Istirahat cukup
Aja sampe pas dina H malah ngantuk, nggawe ora konsen ngerjakna soal. Maximal kanca kanca turu jam 9.

C. Mipil ngapalna rumus
Ora mungkin kan pas bengi sedurunge ulangan ngapalna rumus sing akeh + ribet kuwe?? Makane kanggo ngantisipasi, aku ngapalna rumus mule saiki.

D. Ngerjakna soal nang buku
Biasane soal uts kuwe ora adoh adoh saka










Kamis, 07 September 2017

Lomba 17 an

Edit Posted by with 2 comments
Tanggal 17 agustus 2017 kuwe momen sing ditunggu tunggu kabeh rakyat indonesia. Ana sing ngerti kenapa? Ya bener, Soale dina kuwe dina kemerdekaan RI sing ke 71. Biasane kanggo mrengati dina kuwe, masing masing daerah mangetine nganggo hal sing sejen sejen. Adang neng, daerahe enyong pas malem 17 an ngadakake syukuran, acarane yaiku motong tunpeng lan tasyakuran.

Ngesuke ning rt ku ngadakake lomba nganggo bocah cilik2 karo ibu2, bapak2. Lomba sing diadakna akeh nemen,
Sing pertama yaiku lomba bendera, nang kene bocah2 dintutut kanggo balapan mlayu karo njukut bendera, benderane kadehen ana 3, berarti bocah2 mau bolak balik mlayu njukut bendera ping 3, sing paling cepet yaiku kue sing menang, lan sing menang mau bakal di adu maning nang babak final kanggo ngrebut juara 1,2,3. Lah, ning babak final adikku olih juara 2, emang hadiahe ora sapiraha, sing penting partisipasine kanggo ngrayakake hut RI

Sing keloro lomba nggawa neker sing didokon nang sendok, lomba kie lomba terfavorit, sebabe kabeh bocah pada pengen melu lomba kie, aturane yaiku pada bae kaya lomba bendera, sapa sing paling cepet, yaiku sing menang, tapi nang kene bocah ora olih nyekel sendoke, sing paling penting neng kene yaiku KESEIMBANGAN. Awale adine aku melu lomba kie, tapi gagal, sebabe adine aku ora bisa nyeimbangna awake dewek, artine nekere tiba, lan adikku di eliminasi.

Sing ke telu lomba manjingna paku maring botol
Ana akeh versi dolanan kie, ana sing nganggo pensil, ana juga singn ganggo paku, tapi nang daerahe aku nganggone paku, dolanan kie katone gampang, padahal angel nemen, aku wis tau ngrasakna, aku ngomong angel sebabe dolanan kie ora kur mbutuhna konsentrasi karo ketennagan sing duwur, adang dewek ora tenang utawa grogi paku bisa oyag, terus akhire angel manjingna maring botol, tapi juga kudu bisa masang kuda2 sing kuat. Angger nggo wong tua, luwih apik aja melu sebabe bahaya encok. Hehehe


Sing ke papat, yaiku lomba futsal lomba sing paling heboh kan paling ditunggu2
Sebabe neng kene bapak2 karo bocah lanang enom2 olih melu, anggere didandani kaya wong wadon di gincuni karo atik klambi daster, amarga nganggo daster, lombane nggawe uwong2 gembuyu nggekreg, ana wong lanang sing tiba sebab dastere kesempiten lan ana sing isin amarga gincune kekandelen.
Lan esih akeh lomba sing liyane.


Nah, bengine, ning rt ku ngadakake pawai obor, paweh kuwe dimeluni daning kabeh warga rt4/v, arane be paweh obor, warga2 wajib nggawa obor, aku be melu partisipasine, aku nggawe obor nganggo pring karo nduwure di ngei lilin. Nganggo ngindarake kecurangan kupon mau di bagi pas paweh obor dimule, lan dikumpulake nang tengah dalan. Wis rampung jalane, kupon mau dikocok, nama sing diundang maju, lan olih dorprese. Awite aku karo adikku pan balik sebab ora olih2, tapi karna aku sabar aku nenggoni lan akhire aku, aln adiku olih dorpesse, walopun ora sapiraha, tapi sing pemting melu partisipasine